SESORAH
Sesorah inggih menika nglairaken gagasan, pemanggih, utawi osiking manah sarana lesan ing sangajenging tiyang kathah. Sesorah utawi pidhato, ugi saged sinebat medhar sabda. Sampun kawuningan, bilih nindaaken ayahan minangka pamedhar sabda utawi sesorah menika dados punjering kawigatosan. Supados nengsemaken ing samudayanipun, pramila kedah nggatosaken :
1. Busana (Ageman)
Anggenipun ngadi busana kajumbuhna kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi.
2. Subasita (Trapisla, Tata Krami)
Trapsila ingkang kirang, ugi badhe ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging boten kaken.
3. Swara (Vokal, Basa Pupoler)
Kedaling lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha kedaling swanten, saged medak-mbedakaken swantening tembung-tembung ingkang medal kanthi cetha. Kados pundi rindik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kesesa, nanging ugi sampun nglentreh sanget.
4. Basa tuwin Sastra
Inggih menika mujudaken kabetahan baku tumraping pranatacara uga pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra ingkang leres. Pamilihing tembung ingkang salajengipun dipunronce ukara ingkang trep, luwes, sae, wasana sekeca kapirangaken. Ringkesipun, basa ingkang komunikatif inggih menika basa ingkang kedah angengerti; (1) Sinten ingkang gineman. (2) Sinten ingkang dipunajak gineman. (3) Sinten ingkang dipun ginem. (4) Swasana nalikanipun gineman. (5) Sami mangertosi ingkang dipunginem.
Perkawis-perkawis ingkang kedah dipungatosaken, nalika dados pamedhar sabda inggih menika :
a) Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg.
b) Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg.
c) Polatan katingal sumeh.
d) Mriksani dhumateng para pamirsa kanthi trapsila.
e) Penggalih dipunsarehaken.
f) Wiramaning wicara ingkang cetha.
g) Ngagem basa ingkang alus.
h) Pangandikan boten perlu muter-muter.
Wonten babagan ingkang kedah dipungatosakenngengingi bab rantamaning sesorah, antawisipun :
1. Salam Pambuka (manut kapitadosan saha swasananipun).
2. Purwaka, menika ngunjukaken puja-puji marang ngarsanipun Gusti saha atur panuwun marang para rawuh sarta ingkang mbiyantu lampahing adicara.
3. Surasaning basa/isi/wos sesorah, inggih menika uderaning bab ingkang dipunwedharaken.
4. Dudutan (simpulan), inggih menika inti sarining wedharan pangajeng-ajeng, inggih menika bab-bab kang dipunkajengaken dening ingkang nindaaken sesorang dhumateng ingkang mireng.
5. Wasana, inggih menika atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindaaken jejibahan.
Jinisipun sesorah utawi pidhato saged kabentenaken dados warni sekawan, inggih menika :
A. Sesorah kanthi Cara (Model) Apalan
Seseorah cara menika saderengipun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken tembung ngantos ukaranipun presis kaliyan catetan. Cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
B. Sesorah kanthi Cara (Model) Naskah utawi Teks
Sesorah cara naskah utawi teks, menika juru pamedhar sabda saestu bekta naskah, teks utawi cathetan pidhato lajeng dipun waos sawetahipun, boten dipunapalaken. Cara menika asring dipunginakaken dening para pejabat utawi punggawaning negari, mliginipun ing upacara-upacara resmi. Cara menika dipunginaaken, supados boten mlenceng kaliyan tujuan sakawit, boten klenthu saha wekdalipun winates.
C. Sesorah kanthi Cara (Model) Dadakan utawi Impromtu
Sesorh cara dadakan menika cara pidhato boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi sesorah. Cara sesorh menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman saha seserepanipun.
D. Sesorah kanthi Cara (Model) Eksemporan
Sesorah cara menika kanthi cara juru pemdhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipun ngendikaaken. Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng ingkang badhe dipun aturaken kemawon, ing salajengipun samangke badhe dipun ngrembakaken kanthi pemanggih-pemanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana nalikanipun saweg pidhato. Cara menika, menawi dwija utawi guru saderengipun mucal dhateng para siswanipun sampun cecawis pokok bahasan ingkang dipunrembag utawi dipun wucalaken.
Nulis Sesorah
Wedharing pangandikan, iku bisa digawe dawa lan ringkes. Semono uga ing bab basa kang digunaake, bisa nggunaake basa kang prasaja (biyasa) utawa basa kang rinengga (endah). kabeh mau gumantung swasane, ana ing upacara apa, sapa kang midhangetake, lan kapan wektune.
Bakune, wedharing pangandikan kudu urut-runtut (sistematis), cetha pilah-pilahane, lan isine pangandikan kudu jumbuh karo ayahane. Bebaring pangandikan iku bisa kaperang dadi telung perkara, inggih punika :
1. Perangan Purwaka, ngemot :
a. Uluk salam utawa salam pambuka
b. Pakurmatan marang tamu
c. Puji syukur marang Gusti Kang Maha Agung
d. Ngaturake ayahan utawa jejibahane
2. Perangan isi/wigati/inti, negmot : (upamane wakil panitiya, wakil kang kagungan khajat, lsp.)
a. Ngaturake sugeng rawuh lan matur nuwun rawuhe tamu.
b. Ngaturake ujuding gati/khajate (khajate apa, kapan kalaksanane, para tamu disuwun apa)
c. Ngaturake agunging panuwun awit pambiyantune para mudha, masyarakat, lan sumbang sih saking para tamu.
d. Nyuwunake pangapunten awit sedaya kekirangan lan kaluputane minangka panitiya.
e. Saupama ana pejabat bisa disuwuni tanggap sabda mula.
3. Perangan panutup, ngemot :
a. Para tamu kasuwun nerusake anggone lelenggahan nganti purna (rampung).
b. Nyuwun pangapunten kaluputane pribadhi.
c. Salam panutup.
Conto teks sesorah, tema kalulusan :
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas XII, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Penutup Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
teks sesorah kapetik saking : http://kampoengilmu.com/sesorah-bahasa-jawa/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar