Rabu, 24 Mei 2017

Materi Bab Cerkak (Cerita Cekak)

Contoh teks cerkak



Amarga Salah Paham

Sawijining dina…

Ora kaya biasane Pras lan Pandu sing   kawentar minangka kanca raket iku meneng-menengan lan katon wis rong dina  ora guneman , amarga kuwi Yudha sing bocah anyar pindahan saka kutha nanging uga kerep srawung karo kekarone nyoba nengahi supaya paseduluran ing antarane bocah loro iku ora pedhot.
“Pras, aku lihat-lihat wis rong dina iki  koq nggak bertegur sapa karo Pandu, memangnya kowe ono masalah ya karo Pandu?” pitakone Yudha nganggo basa jawa sing grothal grathul
“ora koq Yud, ora ono apa apa” jawabe Pras singkat
“ayolah Pras, ora usah ngapusi ..kalian kan sahabat, kanca kenthel malah kata Bu Guru, pasti ada sesuatu kan mmungkin wae aku bisa bantu” Yudha tetep ora nyerah mbujuki Pras supaya gelem crita
“Yud,  sebenere pancen  aku karo Pandu wis ora sapa aruh rong ndina iki, tapi iki merga kabeh salahe koq, mosok buku diktat  sing disilih Pandu  ki ngakune wis dibalikke seminggu kepungkur , padahal kenyataane durung mbalik ning aku, nanging Pandu ngodro yen wis dibalikke pas dolan ning omah malah ganti nuduh aku pikun jan nggregetke tenan bocah iku” pungkasane Pras crita dawa
“ooo…ngono to Pras, tapi memang nya sudah kamu cari ke tempat lain selain di meja belajarmu Pras, ya siapa tahu bukunya ketlisut dimana gitu?” Yudha nyoba takon kanthi ati-ati
“apa kowe ya nuduh aku pikun, lali ndeleh buku ning endi to Yud?” Pras rada muring-muring ditakoni ngono
“yo nggak gitu, aku kan cuman nanya…sapa ngerti gitu, ntar aku boleh kan main ke tempatmu, tak nyoba bantu kamu nyari sekalian belajar bareng kaya biasane, piye Pras?” pitakone Yudha
“yo gak pa pa sih ,sinau bareng wae ning nggonku Yud” jawabe Pras
“iya deh…sip. sampai ketemu ngko sore yo pras”
***

Sejam sakdurunge….
“dadi ngono critane Yud, mosok aku ki yo ngapusi to wong cetha cetha aku ki wis mbalikke bukune Pras koq pas aku dolan ning omahe
“ooh gitu critanya Pan..hem mungkin saja Pras lupa lali kalau buku yang kamu pinjam wis mbok balikke yo” ujare Yudha
“lagian Pras iku kan lalinan Yud, kowe ngerti dhewe kan muga muga sih bukune pancen ming ketlisut, aku yo dadi ora penak gara-gara buku dhewe dadi meneng menengan ngene, dikirane aku ora njaga amanah to”curhate Pandu maneh
“ya sudah kalau gitu, nanti sore kamu ikut aku saja kita sianau bareng seperti biasanya, nanti sambil njelasin masalah ini biar selesai, gimana?”
“yo wis aku melu wae Yud, aku yo bakal ngganti bukune yen pancen ora ono”
***
sore iku ing omahe Pras

“Pandu, aku njaluk ngapura yo jebul buku diktat sing mbok balikke kae pancen wis tak tampa, tapi gara-gara tak nggo sinau bengi-bengi nganti keturon malah tiba ning ngisor dipan, dhek awan tak temu pas resik resik kamar…..maaf yo aku wis nuduh kowe rung mbalikke” Pras ngomong sinambi ndhingkluk nalika Pandu lan Yudha teka ing omahe
“wah syukur nek ngono Pras, aku ki yo kepikiran terus, wis ora perlu isin . aku yo njaluk ngapura amarga ngenengke awakmu….kosong kosong yo Pras dhewe tetep kekancan to?” jawabe Pandu
“he em ora ming kekancan tapi seduluran” Pras ngomong sinambi ngrangkul pandu
“nah gitu donk…kalian kan sahabat baik, sudah seharusnya saling memaafkan dan berbaikan lagi seperti ini” Yudha katon seneng amarga usahane kasil
“maturnuwun y Yud…kamu memang baik hati”ujare Pras lan Pandu bebarengan
“okeee…sama-sama yuk….sinau bareng e ndang dimulai”.


Teks cerkak kapethik saking : http://nawwafcom.blogspot.co.id/2013/04/contoh-cerita-cerkak-bahasa-jawa.html

Materi Gamelan Jawa



GAMELAN

Gamelan miturut Baoesastra Djawa W.J.S. Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kangrericikane akeh banget. Bahan sing biasane dinggp nggawe gamelan arup Perunggu utawa gangsa, Kuningan, saha Barut. Gamelaniku salah sijining jinis utawa corak gamelan kang urip ing tlatah Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sabageyan wilayah Jawa Wetan. Musik gamelan iki beda karo musik gamelan saka dhaerah liya, yen musik gamelan Jawa umume nduwe nada luwih lembut lan nganggo tempo luwih alon, beda karo musik gamelan ingkang tempone luwih cepet, uga gamelan Sunda sing musikke mendayu-dayu. Amarga iku, Gamelan Jawa iku uga kasebut pentatonis.
Saprangkat gamelan komplit iku nduwe 2 laras, inggih punika Gamelan Slendro lan Gamelan Pelog. Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi). laras slendor nduwe 5 nada, inggih punika 1 2 3 5 6 kanthi interval kang padha. Dene laras pelog nduwe 7 nada inggih punika 1 2 3 4 5 6 7.
Laras inggih punika swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada,sistemnada/tonalsystem. Laras Slendro (Sl.) ateges sistem nada kang manut cendhel-dhuwure lan interval saka gamelan slendro, semono uga laras pelog (Pl.). Titi laras inggih menika notasi nada kang ditulis manut sistemnada laras lan pathete. Dene pathet (Pt.) inggih menika ukuran endhek-dhuwuring laras, minagka wate wilayah nada. Pathet ing laras slendro iku antane, pathet Nem (6), pathet Sanga (9), lan pathet Manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog inggih punika, pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br.)
Dene arane pemain sing nabuh gamelan iku lumrah kasebut panayaga utawa nayaga/wiyaga, sing nembang arane pesindhen utawa wiraswara/swarawati. Ing ngisor iki andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamelan :

1. Wujud Tebokan = Bedhug, Kendhang, Ketipung, Tambur. Cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur), dikebuk/keplak/tabok (kendhang).

Kendhang iku piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji (dikebuk). Ing musik modern, piranti iki digolongake piranti perkusi. Kendhang iku wujude ana kendhang ageng/gedhe/gendhing, kendhang ketipung, kendhang ciblon/batangan, lan kendhang sabet/kosek/wayang.

2. Wujud Wilahan = Gamelan sing wujude wilahan inggih menika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Carane nabuh dithuthuk.

Gender iku perangkat gamelan Jawa kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/silinder kang fungsine kanggo nagtur gema swarane. Slenthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane (saron), wujudipun slenthem meh pada karo gender. Gambang iku wujude meh padha kaya saron nanging luwih gedhe tur dawa lan wilahane digawe saka kayu. Demung iku jinising saron kang paling gedhe ukurane. Saron iku perangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu. Peking/Saron Peking iku jinis saron kang paling cilik, wilah saron peking iki luwih cilik tinimbang saron barung lan demung, nanging wilangane luwih kandel.

3. Wujud Wilahan Pencon = Gamelan sing wujude wilahan pencon inggih menika Slentho, Gong Kemodhong, lan Kecer. Cara nabuhe dithutuk.

4. Wujud Pencon = Gamelan sing wujude Pencon inggih menika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, lan Gong. Cara nabuh dithuthuk, jagur.

Bonang iku salah sawijining perangkat gamelan kang wujude arupa pencon, lan ditata dadi rong baris, saben sabaris gamelan slendro ana 5 pencon lan uga ana 6 pencon, dadi cacahe ana 10 utawa 12. Kethuk lan Kempayng iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang. Kenong iku biasane digantung kaya umume perangkat gong, nanging diametere luwih cilik, umum kira-kira 45 cm. Gong iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawe saka tosan, lan nduwe ukuran kang gedhe dhewe. Gong biasane dipapanake ing mburi dhewe, digantung ing gayor kang umum digawe saka kayu ukuran gedhe. Wujude gong yaiku Gong ageng, lan Gong suwukan.

5. Wujud Kawatan = Gamelan sing wujude kawatan inggih menika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuh Rebab di gesek dene Siter lan Clempung dipethik/cuwik.

Rebab iku wujud perangkat gamelan kang cara nabuhe dikosok (gesek). Rebab iku gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggo mbukani gendhing. Celempung iku piranti gamelan kang cara nabuhe dipetik padha karo siter, cacah senare ana 11 lan 13 pasang.

6. Wujud Pipa = Gamelan sing wujude pipa inggih menika Suling. Cara ngungelaken di sebul.

Suling iku kalebu piranti musik kang disebul, fungsine kanggo variasi melodi. Ing musik gamelan, suling iku digawe saka bahan pring, lan dawane kira-kira setengah meter.

7. Kemanak = Inggih menika perangkat gamelan kang wujude memper gedhar. Kemanak iku biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.


Jumat, 19 Mei 2017

Materi Bab Pawartos



PAWARTOS

Pangertosan Pawartos

Miturut W.J.S. Purwadarminto, pawartos kadhapuk saking tembung :n wartos, kabar, pangabaran.
Pawartos inggih menika katrangan ingkang saged maringi kabar/warta babagan sawijining kahanan.
Pawartos ugi sinebat prastawa ingkang nembe dumados wonten ing sawijining papan panggenan ingkang taksih dados rumaosing tiyang kathah.
Pangertosan pawartos liyanipun inggih menika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat.

Unsur-Unsur Pawartos

5W + 1H
a) What = Menapa d) Where = Wonten pundi
b) Who = Sinten e) Why = Kenging menapa
c) When = Kapan f) How = Kados pundi

Jinising lan Sifat Pawartos

Wonten pinten-pinten jinis pawartos inggih menika, Pawartos Langsung (Straight news), Pawartos Mendalam (Depth news), Pawartos Opini (Opini news), Pawartos Photo, saha Pawartos Investigasi (Investigation news).
Pawartos ndamel sifat-sifat inggih menika :
Aktual
Faktual
Cekak aos
Narik kawigaten
Jangkep

Nyerat Pawartos

Nalika badhe nyerat seratan pawartos, kedah mangerti strukturipun. Struktur panyeratan pawartos menika awujud, Irah-irahan (head), baris tengah (dateline), teras pawartos (lead), saha wos pawartos (body).
Tansaya kathah ginanipun pawartos menika tumrap tiyang sanes, sansaya mundhak inggil biji pawartos menika. Para pamiyarsa ingkang kulina mirengaken pawartos Jawa mesthinipun saged nambah pemanggih saha seserapan tumrap basa, budaya saha sastra Jawa. Ingkang perlu dipungatosaken nalika mirengaken pawartos inggih menika :

1. Mangertosi kanthi cetha perkawis ingkang dipunaturaken.
2. Mbedaaken informasi ingkang wigati saha ingkang boten wigati.
3. Nyathet informasi ingkang leres saha premati.

Sakbibaripun para pamirsa mirengaken pawartos dipunajab para pamiarsa saged ndamel dudutan saking pawartos ingkang dipunsemak, dudutanipun inggih menika rumusan cekak saking kalih utawi langkung perkawis ingkang dipunrembag. Mendhet dudutanipun pawartos tegesipun nanggepi wong ingkang wonten ing pawartos. Nalika maringi panyaruh saged ngaturaken pemanggih sarujuk utawi boten sarujuk dhumateng pawartos ingkang nembe dipunpirengaken.
Perkawis ingkang kedah dipungatosaken nalika maringi panyaruhipun inggih menika :

Ø Panyaruhipun menika sak mesthi nipun dipunaturaken kanthi cekak aos, padhat, saha dipunronce kanthi sae.
Ø Perkawis utawi bab ingkang dipunparingi panyaruhipun kedah cetha.
Ø Tembung-tembung saha ukara ingkang dipunginaaken kedah gampil dipunpangertos.
Ø Panyaruhipun menika kedah dipunparingi lelandesan ingkang logis.

Maos Pawartos

Ingkang kedah dipun gatosaken nalika maos pawartos inggih menika :

1. Pocapan (lafal) : nggatosaken vokal, konsonan.
2. Lagu ukara, inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara/nada.
3. Kawijangan pocapan inggih menika gamblang dipunmirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4. Pandelenging netra sasaged-saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg.
5. Solah bawa maos kaudiya ingkang santun miwah leres. 

Contoh teks pawartos :

Pengetan Hari Pohon Nasional November 2016, 5.000 Wit Ditandur Ing Alas Mangrove


Diposkan oleh Sendra Tari di 08.34 
Bareng Universitas Atmajaya, pamerentah kutha (Pemkot) Jakarta lor karo Pamerentah Provinsi DKI Jakarta liwat Dinas Kelautan, Pertanian lan Ketahanan Pangan (KPKP) DKI Jakarta, mengeti dina Tanam Nasional neng kawasan alas Mangrove, Kapuk Muara, Penjaringan, Jakarta lor, Minggu (20/11/2016). Kawruhan, saakeh 5.000 wit ditandur, kanggo antisipasi adhep anane genangan lan banjir, neng musim pangudan iki.

Kathon sacacah mahasiswa lan mahasiswi Universitas Atmajaya kompak nganggo kaos ijo putih sing. Ora mung saka para mahasiswa lan mahasiswai, Kanthon uga Camat Penjaringan, Mohammad Andri, Kepala Dinas (Kadis) KPKP, Darjamuni, uga ngenakake kaos den samya.

Neng lokasi sing kedelok mirip kaya rawa-rawa kuwi, kanthon sacacah wong sing praduli kelestaren lingkungan kesebut, antusias banget nandurke ewon wit kui. Neng palemahan sing amba dumugi sekitar 466 hektare, rencanane arep ditanduri saakeh 50.000 luwih wit, kanthi bertahap.

"Kegiatan iki dadi bentuk mengeti dina Tanam Nasional. Ana Kegiatan iki ketung ana 5.000 wit sing diTanam nang dina iki. Acara pengetan iki dilakoke neng alas Mangrove Penjaringan," tembung Darjamuni.
Diomongke Darjamuni, bareng saka Universitas Atmajaya bentuk pananduran 5.000 wit kuwi, ngrupakne tahap awal. Rencanane, 50.000-an wit baka ditandur kanthi bertahap.

"Iki lagi tahap awal, rencanane ana 50.000 wit sing arep ditandur neng sadawa lokasi iki, lan dikiraknekne amba alas mangrove iki nganti 466 hektare. Aku delok kondisine mangrove neng kene wis akeh Tanaman sing rusak parah ya saiki. Mula saka kuwi, awake dhewe enengke Kegiatan iki kanthi sajroning ati awake dhewe," tembung Darjamuni.

Dheweke ngomongke, pananduran wit neng daratan kuwi wis luwih kerep, dibandingna nandure neng alas Mangrove. Darjamuni uga ngakoni, nek alas Mangrove neng Kawasan Penjaringan, kudu digateke, becik saka para pengunjung, masyarakat DKI Jakarta, lan saka pihak pamerentah sapanggon.

"Pananduran wit sing neng darat dhewe wis cukup kerep dilakoke. Kengarepe kawasan mangrove iki patut mbisa gatekan kabeh pihak. Sapaa kuwi. Hal iki ben ana panggon banyu diserap saka tanduran," gamblange.
Sawentara iku Mohammad Andri ngendika yen ngrasa bersyukur, lantaran isih ana sekelompok wong sing nggatekake kelestaren Tanaman lan lingkungane. Dheweke ngendik, Kegiatan iki wajib diapresiasi lan patut dicontho kanggo sopo wae, khususe kanggo para warga neng DKI Jakarta.

"Saorane Kegiatan iki dhewe wis dadi bentuk edukasi kanggo anak-anak lan wong tuane ben pola pikire kebukak, kanggo bebarengan njaga kelestaren lingkungan. Mangkene wae (Tanam wit) manut aku wis apik banget. Patut dicontho lan dilakoke para warga sing rumangsa kurang praduli lingkungan," turen mantan Sekretaris Kecamatan Penjaringan iki.

Sawentara kuwi, Andre Ataujan, dadi Dekan saka Fakultas Ekonomi lan Bisnis neng Universitas Katolik Atmajaya, ngomongke bentuk kerjasama jero pananduran wit kuwi, ngrupakne bentuk kepradulen sosial. Kajaba kuwi, nganti Februari 2017 neka, dheweke pitaya i ana saakeh 50.000 wit bakal ditandur neng lokasi kesebut.

"Sabenere taun nuli awake dhewe uga wis nandur 50.000 wit mangrove neng kene, ning amarga cuaca lan sempat banjir cukup suwe, alhasil kabehe dadi mati tandurane. Kegiatan iki dadi salah siji bentuk kepradulen awake dhewe, lan patut kanggo dicontho. Ngarep-arep, DKI Jakarta iki bisa ijo lan, yen warga neng DKI Jakarta bebarengan mangarahake awak nandur wit neng lingkungan sekitare," turene.


pawartos kapethik saking : http://pawartabahasajawa.blogspot.com/2016/11/pengetan-hari-pohon-nasional-november.html